Jumat, 25 Mei 2012

Uyon-Uyon


1.Andharan Uyon- Uyon:

     Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’ .

     Unining  gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi thuthukan alon.

     Lelagon jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.









     Soran utawa ‘instrumental’: inggih punika ingkang cara nabuhipun ‘sora’, ngginakaken ricikan/instrunent: Bong Manggala, Demung, Ricik, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang.

      Gendhang Lirihan utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrument ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus awujud: Gendher, Rebab, Slenthem, Siter,Gambang, Suling, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang minangka pamurba irama.







   2..    Tegesipun Uyon-uyon lan sesambetanipun kalihan masarakat :

 uyon uyon inggih punika lelagon jawa sing ditembangake sinden tanpa jejogedan.

v     Sesambetanipun kalihan masarakat inggih punika kagem adicara- adicara ageng kayata  pahargyan penganten, ngundhuh mantu saha adicara ringgit purwa







    3.     Dudutan :

       Uyon-uyon punika wujuding Panawung Kridha sesarengan(kerja kolektif) ingkang betahaken jumbuhing raos, gotong royong, mat-sinamat lan bantu binantu boten wonten ingkang kepingin manjila piyambak saha tuwajuh ing ayahan lan jejibahan.



0 komentar:

Posting Komentar

lee min hoo

lee min hoo


About Me

Foto saya
Annyong Haseo :) Nama aku niken anggraeni , biasa dipanggil niken. Aku adalah anak ke-1 dari 2 bersaudara. Nama adik.ku adalah Aditya Ariyanto , dia masih TK tapi bentar lagi SD... Itulah perkenalan singkatku .. kamsahamnida ..